Kamis, 27 September 2018

Sawang Sinawang

Urip iku pancen sawang sinawang. Nyawang uripe wong liya kaya luwih kepenak, luwih mapan, lan serba luwih sak liyan-liyane. Padahal sejatine wong seng disawang iku ora kaya sak nyatane. Dheweke ugi nyawang wong liya kaya uripe luwih kepenak. Dadi pada sawang-sawangan, nanging ora nyawang sak nyatane. 

Urip iku owah gingsir kaya dene cakra kang mlaku muter. Ing sajroning urip ana susah lan ana bungah, ana untong lan ana rugi, ana dianggep lan ana ora dianggep, ana dipuji ugi ana diece. Wolung panandang iki bakal muter siji siji kaya dene mutere cakra. Kadhang ana nduwur kadhang ana ngisor. Ora ana wong urip sing bungah terus-terusan tanpa ngrasakake susah. Kadhang-kadhang wong kui bakal nemoni susah barang. Ora ana wong urip sing terus-terusan untong tanpa ngrasakake rugi. Pisan pindo mesti bakal entuk rugi. Semana uga wong seng dianggep ugi bakal nemoni ora dianggep, wong seng kerep dipuji-puji bakal nemoni diece dan didak-idak liyan. 

Mula kuwi yen nyawang wong liya aja mung disawang penake tok. Ora usah meri karo uripe wong liya. Yen kana uripe ketok kepenak, ora mesti uripe pancen kepenak. Mula yen lagi untong, aja lali yen mengka bakal nemoni rugi. Yen lagi bungah, mengka bakal nemoni susah. Yen lagi dianggep, mengka bakal nemoni ora dianggep. Yen lagi dipuji, mengka bakal nemoni diece. Sejatine wong kang urip ing alam donya iki bakal nemoni wolung panandang iki siji-siji. 

Aja cilik ati yen lagi nandang susah. Aja gedhe ati yen lagi nandang bungah. Panandang kang kita sebut susah bungah kui sejatinipun ora ajeg. Sakwayah-wayah isoh owah. Seng sugeh durung mesti bakal sugeh terus. Seng mlarat durung mesti bakal mlarat terus. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mewujudkan Harapan

Berharap menjadi sukses dan hidup makmur merupakan harapan yang wajar bagi manusia pada umumnya. Kita semua mengakui itu. Tak ada satu pun ...